Kepranan jroning atiku..nalikane pisanan ketemu. Dasar priyo kang sembodho, wicaksono lan lego ing karyo. Kepranan solah bawamu...nyoto lantip, wasising wicoro, wirogo sarto wiroko. Nyoto ndiko priyo kang utomo... Jroning bathin tuwuh roso tresno, kang soyo ngremboko. Rino kalawan wengi, tresnamu tak anti - anti. Wong bagus tak impi - impi... Soko soroting netramu, yen ra selak sak jroning bathinmu.. Ra luput panggrahitaku, ono tresno, sak jroning atimu...

Yayi Ni Mas Kamaratih... Kae coba pirsanono yayi. Sajak e, Roro Dewi Banowati hangengidung tresno kang tulus soko njero atine lan sajak e wus suwe anggone nyimpen katresnan kuwi yayi... Coba cedak ono yayi, mbok menowo ono sing biso mbok biyantu marang slirane yayi....
BalasHapusNwn inggih kakang mas, sak derengipun kula ngaturaken sungkem pangbekti dhumateng paduka kakang mas. Kakang mas Kamajaya, sejatosipun kula ugi nyumerapi, menawito saestunipun Arjuna ugi ngraosaken tresno ingkang kapisanan, tresno ingkang mboten saget dipun singkiri lan selak i. Menapa saestunipun Arjuno menika etok-ethok mboten mangertosi jih, kakang mas?
BalasHapusKula kepingin mbobong manahipun Banowati kersanipun anggadahi raos teteg, madep lan manteb tumraping trenanipun pun Arjuno.
Menawi mekaten kula badhe paring pitedhah dumateng Banowati, nyuwun pangestu kakang mas.
Kakang mas Arjuno...., sampun sakwetawis wedal dene kula lan penjenengan mboten saget pepanggihan. Rumaos kapang sajroning manah kula.... kepingin sanget pepanggihan. Kakang mas... ngaturi uningo bilih kula sampun sehat,pinanggih wilujeng nir ing sambikala. Kados pundi, menapa paduka kersa pepanggihan kaliyan Banowati?
BalasHapusKakang mas........7X ARJUNA.........
BalasHapusNimas... Smono ugo Kangmas yayi. Sing gede pangapuromu yo Nimas, awit Kakang lagi ngrampungake pakaryan kang nora biso ditinggalno. Kakang melu bungah, Nimas paring kabar yen wis sehat bagas waras nora kurang opo - opo. Nanging, slirane kudu iso njogo kondisine & tertib anggone wektu2 dahar.. Mbesuk lha yen Kakang longgar wektune, mesti Kakang nimbali Nimas.. Sing sabar yo yayi.. Nimas Banowati...
BalasHapusInggih kakang mas, rumaos bombong manah kula. Kakang mas, raosing nandhang bronto menika seneng ananging nggih sakit. Kapang inggkang nglempak menika janipun sampun sak gunung agengipun, ananging dereng saget mbledos.....he..he..
BalasHapusKakang mas....kakang mas..... benjang punapa paduka kondor....
BalasHapusMenapa paduka punika mboten kapang dumateng Banowati??????????
sabar yo yayi Nimas Banowati. Kakang njaluk dedongo yayi, amargo ing tahun anyar 2012 iki ono restruktur organisasi . Mugo2 ae kakang isih diparingi amanah kanggo nanggungjawabi cabang Jogja yayi.... Nyuwun padongamu yo yayi... Yayi yayi, kakang ugo kapang marang slirane...
BalasHapusKakang mas... saksampunipun paduka linggar saking kito ngayogjakarta, kathah sanget perkawis/ pacoban ingkang awrat tumrapipun banowati....
BalasHapusDhuh kakang mas.......2X, wanci kula mbetahaken pitulungan padhuka..., padhuka malh tebih saking banowati. Dhuh Gusthi.... mugi paring pepadhang dumateng pacoban ingkang nembe kula sandhang......
Dhuh kakang mas...2X Arjuno.... Banowati kapang sanget...
kakang mas, kasunyatanipun benten kaliyan pepinginan kula kaliyan paduka. Pranyata paduka sampun wonten tlatah manca... raos tresno banowati tetep ageng kados wuni-wuni sanadyanto paduko wonten manca.... duh kakang mas....2X
BalasHapus