Kang mas Kamajaya.... Sugeng tingalan warso njih Kang Mas, mugi - mugi saged tho ginanjar Gusti tansah sehat, dipun paringi rejeki ingkang malimpah limpah, guyup rukun kalian keluargi, tansah emut dumatheng Ni Mas ... Cukup, Cukup Ni Mas Kamaratih,.. Kakang ugo ngaturke' panuwun kang tanpo iso kaetung maneh tumrap pe dharma bektimu lan tresnomu kang tanpo pepindan. Pirang - pirang taun lawase ( sauntoro 25 taon kepungkur ), anggon mu lan ugo Kakang tansah ngupoyo amrih rahayu ketemu.... Ni Mas... Ni mas... Kangen ne kakang kang tanpo kaetung maneh lan ugo bungah e Kakang, kang isih diparingi ganjaran soko Gusti Kang Akarya Jagad iso sesandingan karo sliramu... Njedak o rene Ni Mas.. Cedak karo Kakang, awit Kakang wedi kelangan sliramu maneh.... Hmm hmm Ni Mas ... Ni Mas... Kangen ne Kakang Ni Mas.. Kene Ni Mas, tak rangkul kanthi bungah e roso kang tanpo bisa tak ucapke'.... Solo, 22/10/11.23.30
Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.
BalasHapusDhuh.... kakang mas... kakang mas sak-sampunipun pinanggiha kaliyan paduka kala dinten minggu wage rumaos tentrem lan ayem awit kula saget ngaturaken dharma bekti kula dumteng paduka. awit sampun 25 warsa nembe sepindah menika kula sungkem dumateng paduka, punapa malih sak sampunipun paduka nglaras palaran kula, aduh...... kraos dag.. dig.. dug.. kakang mas. Mboten kanten katennan manah kula. Sadaya menika ndadosaken kapang wonten manah kula, mugi-mugi sageta kula ugi paduka pinanggih kangge ngusadani raos kapang kula lan paduka. Nyuwun pangapunten menawi aturipun Kamaratih kirang suba sito dumateng paduka kakang mas Kamajaya. Atur bekti kula dumateng paduka, matur nuwun.
BalasHapusMatur suwun yayi Ni Mas Kamaratih. Mugo - mugo Kakang bisoo ketemu maneh karo sliramu.... Opo maneh biso mirsani sliramu, anggone' mbeksan... Duh duh Ni Mas, ra kuwowo kepingine' rosone' Kakang Ni Mas...
BalasHapusNuwun inggih kakang mas......, rumaos bombong manah kula menawi paduka saget mirsani anggen kula mbeksa. Kakang mas..... menapa pepanggihan kula kaliyan paduka menika, ndadosaken runtiking manah paduka to kakang mas? kula ajrih, kakang mas... menawi kula sampun tumindak singlar saking kautaman, kula nyuwun pangapunten. atur bekti kula dumateng kakang mas Kamajaya...., nimas Kamaratih.
BalasHapusKamaratih: Dhuh kakang mas pukulun, kula kaliyan paduka menika jejering dewa ugi hapsari, mangertosi lelampahipun para titah. Kakang mas kula mboten saget bendung tangis kula menawi midangetaken suanten manah ipun Dewi Banowati. Kmajaya: Yayi...yayi... Sejatine ana wigati apa dhene jeneng sira ngendika kang kaya mangkono to yayi? malah jeneng sira ngathekake banget marang titah kita kang aran dewi Banowati, yayi? kene-kene enggal andharna marang ulun yo yayi, mbok menawa ulun bisa paring sabiyantu marang dewi Banowati, yo yayi yo.... Kamaratih garwanku kang dak tresnani... Kamaratih: Nwn inggih kakang mas............ mekaten kawiwitanipun,"........."
BalasHapuskakang mas........ punapa saestu paduka kepingin midangetaken carios kula babagan suantenmanahipun Banowati.........?
BalasHapusNjih yayi.. Opo kang bakal arep sliramu critak ne marang kakang ? Mugo - mugo Kakang biso paring biantu kanggo Dewi Banowati kang sajak e lagi nandang bebendu . Nanging Kakang yo mung isone mbiantu wewaler - wewaler kang mugo - mugo biso o ngurangi panandang kang lagi tinompo marang Dewi Banowati , yayi Ni Mas Kamaratih ...
BalasHapusmekaten cariosipun,
BalasHapusBanowati: yayi... Arjuno aku kapang kalawan jeneng sira yayi. Arjuno: Kakang mbok Banowati semana uga aku, banget rasa kapangku, nganti kegawa jroning pangimpen. Dhuh kakang mbok bungah rasaning atiku dene saiki aku lan kowe bisa pepanggihan lan andom katresnan kakang mbok. Banowati: semana uga aku yayi, bungah banget atiku bisa pepasihan kalawan si adi. Arjuno: Kakang mbok Banowati... kene-kene tak rangkul supaya nambani rasa kangenku lan uga jeneng sira kakang mbok Banowati.
(Arjuno lan Banowati pada rerangkulan kanggo nambani rasa kapange. Ananging sakelorone menawa arep pepanggihan kudu ngannggo sarana sesideman, awit kalororone wis pada duweni garwa uga putra. Sejatine ana jroning atine Banowati rasane anyel banget awit kudu mbagi rasa tresnone kanggo garwane 'Duryudana' lan uga 'Arjuno'. Ananging Banowati amung titah kang sak derma nglakoni. Duryudana yaiku garwa laire, ananging Arjuno garwa jroning bathine uga atine. Kalororone ora bisa di pisahake )
Kamaratih: Kakang mas Kamajaya, sak sampunipun midangetaken raosing manahipun Banowati menawi pemanggihipun paduka kados pundi? Ing sekawit para Jawata/ Dewa sampun garisaken menawi garwanipun Banowati menika Prabu Duryudana ananging ugi garisaken menawi garwanipun sejati (tresno sejati)Banowati menika Arjuno. Punapa menika adil kangge Banowati? menawi badhe pepanggihan garwanipun sejati kedhah kanti sesingitan to kakang mas? Mangga to paring pitedah dhumateng Banowati?
duh duh yayi yayi... Ni Mas Kamaratih.. Kabeh mau ki wis ginaris lan ginesti saking Gusti Kang Gawe Jagad sak isine'. Kito kabeh ki yo mung titah sakwantah nglakoni kang dadi garis sing Gusti, yayi... Pasuwitane' Dewi Banowati marang Prabu Duryadana ki, yo kalebu sembah gustine marang Gusti Kang Akarya Jagad.. yayi..
BalasHapusYayi Ni Mas Kamaratih... Ni Mas, kudu eling yen kito kuwi titahing Dewa lan Hapsari kang winengku Pukulun Sang Hyang Wenang kanggo suri tauladan tumrap bebrayan ne titah ing alam donyo. Babagan adil kuwi ugo ora kudu podho kang dikarep ake kersaning kapribaden dewe - dewe yayi.. Eling yayi, Dewi Banowati lan Nak Mas Raden Arjuno ugo wis podho nduweni janji prasetyo kang suci marang garwone dewe - dewe. Kakang malah bakal mangestoni yen Dewi Banowati lan Nak Mas Arjuno kuwi sesrawungan lan gegojekan linambaran "paseduluran" kang utomo... Syukur2, biso o ngrukunake' keluargo sak klhoron ne'.
BalasHapusKakang yo ora maido babagan roso rosoning ati kang rumasuk ing atine Dewi Banowati lan Nak Mas Arjuna... Nanging.., kabeh mau wis dadi kersaning Gusti tan biso kito mblenjani . Ketemune' titah sak klhorone kuwi mau ugo wis ginaris , ngelingake Kakang marang wewaler Jawi. Jodo, pati, rejeki, kuwi sing gawe kerso yo mung GUSTI. Titah sakdermo ngupoyo, tan wenang wisesa... Ngono yayi,Kakang hamung sakdermo paring pepeling marang sliramu Ni Mas Kamaratih... Mugo - mugo ora dadi runtik ing atimu yayi..
BalasHapusNuwun inggih kakang pukulun, kula mangertosi menapa ingkang paduka kersaaken.
BalasHapusAnanging kakang mas babagan Sang Hyang Wenang ingkang garisaken menawi Dewi Banowati menika Garwa ugi tresno sejatinipun yayi Harjuno punika menawi pemanggih paduka kados pundi? Menapa Banowati menawi badhe ngladosi yayi Harjuno inggih kedah sami sesingitan?
Nyuwun pangapunten menawi pitanyo kula punika radi benten kakang mas?
Kakang mas, kula kepingin nyuwun pitedah, awit wonten satunggaling titah ingkang nembe menggalihaken setunggal perkawis, "TRESNO"
BalasHapusKakang mas ugi mangertosi bilih tresno menika mboten lepat, mboten mangertosi kapan wontenipun lan dawah wonten sinten kemawon; sepuh, enem utawi ingkang nembe ngancik masa dewasa.
Kakang mas kula suwun paduka mboten nglepataken lelampahanipun Harjuno ugo Banowati, awit sakelorone amung titah ingkang namung nglampahi garising dewa. Sanadyan sadaya punika sampun nyimpang saking wewaler.
Sinten to ingkang kepingin dipun bagi katresnanipun? mboten wonten kakang mas......
Ananging kula rumaos "Bombong" kaliyan Banowati, awit saget nguru-uri rasa tresno sejatinipun kaliyan Janaka ugi darma bektinipun pawestri kaliyan garwanipun inggih Duryudana.
Ingkang baken mboten wonten pria sanes wonten manah ugi gesangipun Banowati.
Nyuwun pangapunten njih kakang mas, mboten ateges kula ambelani Banowati, anangin menika saknyatanipun.
Kakang mas kula nyadong deduka ingkang katah... kakangmas....(Kamaratih lenggah simpuh ana pengarepane Kamajaya, njaluk pangapura awit wus kewanen anggone duweni pemanggih)
Kakang mas pukulun, wonten punapa paduka mboten kersa paring pawangsulan kaliyan Kumaratih? Punapa kula lepat, lajeng punapa dosa kalepatan kula ngantos paduka mboten kersa paring pitedah, pukulun? Nyuwun angenging pangaksami, menawito antur kula lepat, nuwun.
BalasHapusKakang pukulun, punika kados pundi? samsaya dangu rasa tresnanipun Banowati sampsaya jero dumateng Arjuno. Kados-kados mboten saget dipun pisahaken malih kekalihipun. Banowati sakmenika sampun ngraosaken punapa werdinipun tresno sejati, raos tresno asih ingkang dereng nate dipun paringi dening garwanipun pun Duryudana.
BalasHapusKakang mas punapa Banowati lepat??????????
Ni Mas Kamaratih... Kakang bingung ameh njawab opo marang pitakon ne Yayi Ni Mas Kamaratih. Kakang nora wenang mutus ake bener lan luput te babagan Tresno kuwi mau yayi... Amargo katresnan kuwi ugo wis ginaris Gusti tan keno biso kaendo titah sak wantah ing ndonyo iki yayi... Kakang yo mung bisane hadedongo lan hamemuji marang Gusti Akarya Jagad, mugo - mugo katresnan saklorone ugo disaksene donyo sak isine biso o gawe tentreming sing podo bebrayanan yayi..
BalasHapusNyuwun pangapunten bilih kula kala wau ngedalaken uneg-uneg ingkang ndadosaken ampeg ing manah kula.
BalasHapusNyuwun agenging pangaksami kakang mas pukulun Kamajaya.........
Kakang mas pukulun Kamajaya, rumaos bingah manah kula, awit katemben kemawon kula nampi pawarto saking Banowati........
BalasHapusBilih Banowati nembe kemawon midangetaken menawi yayi Arjuno nelakaen raos kangen/ kapangipun dumateng Banowati.
Kakang mas kula pirsani Banowati tansah mesem saksampunipun nampi pawartos punika, awit sami ingkang dipun raosaken Banowati....
Yayi.. Sing gede pangapuro mu yo yayi.. Kakang rumongso keladug anggone paring wewaler marang sliramu. Nanging kakang nora ono niat lan karep, ngegung - ngegung ake lakune kakang . Opo maneh, adigang adigung adiguno yayi... Kabeh mau hamung ilmu titen, kang Kakang wis lakoni ing ngalam donyo mbiyen yayi. Sepisan maneh yayi, kakang njaluk pangapuro marang yayi. mbok menawa ono sing ndadek ne runtik penggalih e sliramu Ni Mas... Ngono yayi, kang biso Kakang paring wewaler karo sliramu. Mugo - mugo biso o gawe bungah lan ngurangi panandang kang tinompo Dewi Banowati... Ayo yayi, ngunjuk ake pujo puji syukur marang Gusti, manjing ono Wisma Pamujian... Yayi, yayi... Kakang rumongso ngrantes bareng mangerteni lakon kang lagi disandang Dewi Banowati yayi.
BalasHapusMangga-mangga kakang mas.. kula derekaken manjing sanggar pamujan, sesarengan nyuwun pitedah supados kula, paduka, Banowati ugi yayi Arjuno sami-sami pikantuk wahyu piyambak-piyambak ugi pitedah saking sang Hyang Wenang.Matur nuwun.
BalasHapusKamaratih: Dhuh kakang pukulun Kamajaya... keparenga matur. Sakasampunipun sawetawis wekdal kula nyumerapi menawito pun Banowati nandhang kodeng manahipun.
BalasHapusKamajaya: Sik,sik to yayi Kamaratih, lir e iki kepriye to?
Kamaratih: Kula piyambak ugi mboten mangertosi kawiwitanipun kadospundi...
Kamajaya: Lha iya to yayi..., ulun pribadi uga bingung nyawekani perkara iki, nanging manawa miturut pemanggihe kakang, perkara iki kang bisa mrantasi yo mung si Arjuno lan Banowati dewe
Kamaratih: Lajeng Kersa paduka kados pundi pukulun?
Kamajaya: Yo antarane sakeloron kudu padha-padha jujur apa kang diraksakake ana jroning atine dewe...
Kamaratih; O mekaten kakang mas kersa paduka.
Kamaja: Yayi Kamaratih, yen mangkono sisan gawe ayo padha paring wewisik marang sakelorone, ulun bakal nyambangi Arjuno, lan yayi Kamaratih nyambangi si Banowati. Ayo yayi aja wedi kesuen padha-padha ngayahi karya.
Kamaratih: Nuwun inggih mangestokaken dhawuh kakang mas Kamajaya.