Kamis, 10 November 2011

ARJUNA HANGENGLADRANG WUYUNG ...

Rino kelawan wengi, mung sliramu sayekti. Dadi pepujaning ati. Pancen manis esem mu, gawe getering ati. Yo mung sliramu sawiji. Angrerujit atiku yen eling sliramu. Nalikane dek jaman aku pisan ketemu.. Manis esem mu ..Binar netramu, tansah dadi ati.. Rino kelawan wengi, Sliramu kang tak anti. Nadyan adoh dunungmu, nanging jroning atiku tansah cecaketan sliramu. Timbangono cah ayu... tresno tulusing ati tan ono ewo sliramu...

4 komentar:

  1. Loh loh.. Kae Yayi Nimas Kamaratih, coba mratitis no sopo kae kang tetembangan nanggapi kidung kang tinembang ake Dewi Banowati.. O,bener kandamu Nimas. Yen pancen ora selak ing bathine, lha yen Nakmas Arjuna ugo lagi nandang loro bronto yayi.... Kakang ora maido yen jenenge tresno ki, nora ono kang bisa ngalang - alangi Nimas..

    BalasHapus
  2. Nuwun inggih kakang mas Kamajaya, saking netrane sakelorone saget dipun tebak menawi kekalihipun sami-sami tresno lahir trusing batos. Kakang mas, sak menika kados pundi egoh pratikel penjenengan kangge nyawekani perkawis menika, kerrsanipun Arjuno ugi Banowati saget pepanggihan ngedalaken sadaya raos kapang ingkang sampun sami-sami dipun ndem....., menapa paduka anggadahi cara..., kakang mas Kamajaya? Selak mesakaken kekalihipun, awit sami kapangipun kakang mas.......

    BalasHapus
  3. O iyo yayi.. Coba mengko tak takonane Nak Mas Arjuno disik. Sabab be, dewekne' isih gamang marang pasuwitane lan sungkem bhektine Dewi Banowati. Lha yen Nak Mas Arjuno ngono nompo setyo tuhu tresnane Dewi Banowati koyo - koyo ketiban ndaru yayi... Bungah banget. Nanging opo yo tenan setyo tuhu ne Dewi Banowati kuwi lahir trusing bathin, Ni Mas...

    BalasHapus
  4. Nuwun inggih kakang mas, ngaturi uningo bilih Banowati sampung atur cecala menawi to kiyambakipun tresno satuhu dumateng Arjuno. Contohnipun saksolahe Banowati sakmenika sampun benten kaliyan padatan babagan ngadi busana ugi mulang kawruh dumaten putra-putrinipun. Sadaya menapa kemawon ingkang dados dawuhipun Arjuno tertemtu di pun leksanani. Menika sampun mlampah 2 dinten, saksampunipun Arjuno kaliyan Banowati sami-sami ngedalaken uneg-uneg ugi prasetyanipun. Menika ingkang kula mangertosi babagan Banowati Kakangmas Kamajaya, menawi wonten kekiranganipun kula nyuwun agenging pangaksami, matur nuwun.

    BalasHapus