KAMAJAYA KAMARATIH
Untaian rindu yang hanya menjadi saksi bisu bersatunya hati yang tak sempat tu' bicara
Kamis, 19 Januari 2012
Katresnan kang semu
Jejibahan pancen kudhu di lakoni,awit iku kang utama..... Lan katresnan iku mbutuhake pangorbanan (lahir uga batin).
Dhuh kakang mas...dhuh kakang mas ingkang tansah kula tresnani, kula tansah nderek punapa kawicaksanan paduka...Donga dinonga mugi Rahayu sedayanipun
Rabu, 16 November 2011
PRASETYA ARJUNO..
Jagad sak isine , disaksekne' bumi lan langit. Aku , Arjuno... Nompo pasuwitane Nimas Dewi Banowati . Mugo - mugo, Dewa lan Hapsari hanyekseni kang dadi prasetya ku iki... Wiwit dino iki ugo, aku maringi tenger marang Nimas Dewi Banowati anganggo tetenger NIMAS BANOWATI ... Kene Nimas, kakang wis nora sabar anggone' nandang kangen Nimas...
Kamis, 10 November 2011
ARJUNA HANGENGLADRANG WUYUNG ...
Rino kelawan wengi, mung sliramu sayekti. Dadi pepujaning ati. Pancen manis esem mu, gawe getering ati. Yo mung sliramu sawiji. Angrerujit atiku yen eling sliramu. Nalikane dek jaman aku pisan ketemu.. Manis esem mu ..Binar netramu, tansah dadi ati.. Rino kelawan wengi, Sliramu kang tak anti. Nadyan adoh dunungmu, nanging jroning atiku tansah cecaketan sliramu. Timbangono cah ayu... tresno tulusing ati tan ono ewo sliramu...
KIDUNG TRESNO BANOWATI...
Kepranan jroning atiku..nalikane pisanan ketemu. Dasar priyo kang sembodho, wicaksono lan lego ing karyo. Kepranan solah bawamu...nyoto lantip, wasising wicoro, wirogo sarto wiroko. Nyoto ndiko priyo kang utomo... Jroning bathin tuwuh roso tresno, kang soyo ngremboko. Rino kalawan wengi, tresnamu tak anti - anti. Wong bagus tak impi - impi... Soko soroting netramu, yen ra selak sak jroning bathinmu.. Ra luput panggrahitaku, ono tresno, sak jroning atimu...
Sabtu, 22 Oktober 2011
Mangayu Bagyo Tingalan Warso Kangmas...
Kang mas Kamajaya.... Sugeng tingalan warso njih Kang Mas, mugi - mugi saged tho ginanjar Gusti tansah sehat, dipun paringi rejeki ingkang malimpah limpah, guyup rukun kalian keluargi, tansah emut dumatheng Ni Mas ... Cukup, Cukup Ni Mas Kamaratih,.. Kakang ugo ngaturke' panuwun kang tanpo iso kaetung maneh tumrap pe dharma bektimu lan tresnomu kang tanpo pepindan. Pirang - pirang taun lawase ( sauntoro 25 taon kepungkur ), anggon mu lan ugo Kakang tansah ngupoyo amrih rahayu ketemu.... Ni Mas... Ni mas... Kangen ne kakang kang tanpo kaetung maneh lan ugo bungah e Kakang, kang isih diparingi ganjaran soko Gusti Kang Akarya Jagad iso sesandingan karo sliramu... Njedak o rene Ni Mas.. Cedak karo Kakang, awit Kakang wedi kelangan sliramu maneh.... Hmm hmm Ni Mas ... Ni Mas... Kangen ne Kakang Ni Mas.. Kene Ni Mas, tak rangkul kanthi bungah e roso kang tanpo bisa tak ucapke'.... Solo, 22/10/11.23.30
Langganan:
Komentar (Atom)



