Rabu, 16 November 2011

PRASETYA ARJUNO..

Jagad sak isine , disaksekne' bumi lan langit. Aku , Arjuno... Nompo pasuwitane Nimas Dewi Banowati . Mugo - mugo, Dewa lan Hapsari hanyekseni kang dadi prasetya ku iki... Wiwit dino iki ugo, aku maringi tenger marang Nimas Dewi Banowati anganggo tetenger NIMAS BANOWATI ... Kene Nimas, kakang wis nora sabar anggone' nandang kangen Nimas...  

Kamis, 10 November 2011

ARJUNA HANGENGLADRANG WUYUNG ...

Rino kelawan wengi, mung sliramu sayekti. Dadi pepujaning ati. Pancen manis esem mu, gawe getering ati. Yo mung sliramu sawiji. Angrerujit atiku yen eling sliramu. Nalikane dek jaman aku pisan ketemu.. Manis esem mu ..Binar netramu, tansah dadi ati.. Rino kelawan wengi, Sliramu kang tak anti. Nadyan adoh dunungmu, nanging jroning atiku tansah cecaketan sliramu. Timbangono cah ayu... tresno tulusing ati tan ono ewo sliramu...

KIDUNG TRESNO BANOWATI...

Kepranan jroning atiku..nalikane pisanan ketemu. Dasar priyo kang sembodho, wicaksono lan lego ing karyo. Kepranan solah bawamu...nyoto lantip, wasising wicoro, wirogo sarto wiroko. Nyoto ndiko priyo kang utomo... Jroning bathin tuwuh roso tresno, kang soyo ngremboko. Rino kalawan wengi, tresnamu tak anti - anti. Wong bagus tak impi - impi... Soko soroting netramu, yen ra selak sak jroning bathinmu.. Ra luput panggrahitaku, ono tresno, sak jroning atimu...